>>> Sliramu

Tumetesing Eluh mu ora biso
Netesake atiku wis
sikilku kang wus jumangkah
tanpo swara

yen pucuking atiku wus rinujit dening janji...
kang ora tak mangerteni
Banjur Sopo...????
Pitakon kuwi kang ora kendat
ono ing telengin kupingku..

pancen....
aku wus nglirwakake sliramu soko atiku..
Ananging ngertio Cah Ayu....
Yen iku lumaku tanpo Tumuju
PenggayuhMu lintang kang sumunar.....

lan aku ora bakal biso nyembadani...

ngertio Nduk cah ayu...
Yen roso tresno Iki...
tak buntel rapet no ing sak pengarep Mu

nadyan eluh mu tumetes...
ngetung sak dawaning wengi...

Artikel Terkait:

0 comments:

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More