>>> yen Sliramu Takon

Yen sliramu takon

opoto pinandange wektu iku

Mulo..piyakana alang-alang Kalbu



Awit..

Wektu iku kang bisa

ndadekake banyu dadi watu

watu dadi banyu.



Yen sliramu takon

Sepiro gedene katresnanku

kae...sawangen neng kono samudro kang kaujud biru



Yen sliramu takon

sepiro kukuhing tresnaku

kae...sawangen wulir kang meger2 neng kono



yen sliramu takon

sepiro duwuring angen

sawangen langit biru ing kono



sumilireng angin

tansah amakili roso kangen marang sliramu

kang ngidungake

tembang asmaradana ugo labug tresno

kinemban kairingan

waranggana kang gumati



hamakili rasaning ati

tangising jiwo



ananging tumprape roso tan keno kinudaran no ing kasunyatan

amung biso lelambaran

lan ugo

hamung biso muji maring Gusti

mugo kiantuk rahayuning bagyo..

Artikel Terkait:

0 comments:

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More